MARHABAN YA RAMADHAN

MARHABAN YA RAMADHAN

الْخُطْبَةُ الْأُوْلَى
الْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ أَكْرَمَنَا وَفَضَّلَنَا بِشَهْرِ رَمَضَانَ ، شَهْرٌ أَوَّلُهُ رَحْمَةٌ وَأَوْسَطَهُ مَغْفِرَةٌ وَآخِرَهُ عِتْقٌ مِنَ النِّيْرَانِ ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الْمُوْعِدُ بِالْغُفْرَانِ ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمَبْعُوْثُ بِدَعْوَةِ الْإِسْلَامِ وَالْإِيْمَانِ ، اللهم صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ حَبِيْبِ الرَّحْمٰنِ ، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْن وَتَابِعِيْهِمْ بِإِحْسَانٍ ، إِلَى يَوْمِ الْبَعْثِ وَالْمِيْزَانِ ، أَمَّا بَعْدُ : فَيَاآيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اِتَّقُوا اللهَ ، اِتَّقُوا اللهَ تَعَالَى حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
Hadirin Jamaah Jum’ah Rahimakumullahu

Sumangga kita sami ningkataken taqwa dhumateng Allah SWT. kanthi nindakake perintah-perintahipun lan nebihi larangan-laranganipun, keranten taqwa menikolah sak sae-saenipun sangu utawi bekal kagem gesang kita wonten ing ndonya lan khususipun mangke wonten ing akhirat.

Allah berfirman :

وَمَا تَفْعَلُوا مِنْ خَيْرٍ يَعْلَمْهُ اللهُ وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الْأَلْبَابِ [البقرة/197]
Kabecikan apa wae kang sira lakoni, mesthi Allah bakal nguningani, lan siro kabeh podho nggowoho sangu, kerana satemene sangu kang paling becik yaiku taqwa, lan sira padha wedia marang Ingsun, he wong-wong kang duwe akal.

Hadirin Rahimakumullah

Mboten dangu malih bade rawuh stunggalipun wulan ingkang agung lan kebak barokah, inggih menika wulan suci Ramadhan, inggih menika wulan ingkang dados pimpinanipun Wulan-wulan lintunipun.

Wonten ing salah setunggalipun Hadits Marfu’ Riwayat saking al-Bazzar dipun sebataken :

«سَيِّدُ الشُّهُوْرِ شَهْرُ رَمَضَانَ ، وَسَيِّدُ الأيَّامِ يَوْمُ الْجُمْعَةِ». [الصيام : 4]
Pemimpine wulan yaiku wulan Ramadhan lan pimpinan dina yaiku dina Jumuah

Menika nedahaken bileh wulan Ramadhan minangka wulan ingkang paling utami menawi dipun bandhingaken kalain Wulan-wulan lintunipun. Lan ing antawisipun kautaman wonten ing wulan Ramadhan menika, junjungan kita Nabi Muhammad SAW. sampun nyebataken wonten ing salah satunggalipun Riwayat :

«إذا جَاءَ رَمَضَانُ فُتِحَتْ أبْوابُ الجَنَّةِ ، وغُلِقَتْ أبْوَابُ النَّارِ ، وصُفِّدَتْ الشَّيَاطِيْنُ»
Nalika wulan Ramadhan rawuh, lawang-lawang swarga dibukak, lawang-lawang neraka ditutup, lan setan-setan padha diborgol.

Ingkang kaitanipun kalian hadits kasebat, Imam al-Qori wonten ing kitab ‘Umdatul Qori negesaken :

وَذَهَبَ بَعْضُهُمْ إِلَى أَنَّ الْمُرَادَ بِفَتْحِ أَبْوَابِ الْجَنَّةِ كَثْرَةُ الطَّاعَاتِ فِيْ شَهْرِ رَمَضَانَ، ….. وَأَنَّ الطَّرِيْقَ إِلَى الْجَنَّةِ فِيْ رَمَضَانَ سَهْلٌ، وَالْأَعْمَالَ فِيْهِ أَسْرَعُ إِلَى الْقَبُوْلِ. اهـ عمدة القاري 10/265
Miturut menggah panemunipun sawetara ulama, ingkang dipun maksud saking kabubukakipun lawang swarga inggih menika bilih wonten ing wulan ramadhan katah kesaean amal thaat utawi ibadah dumateng Allah SWT, lan dalan nuju swarga dadosipun langkung gampil lan sedaya amal ibadah langkung cepet dipun tampi wonten ing pangarsanipun Allah.

Dene ingkang dipun kersaaken saking dipun borgolipun syetan inggih menika bilih wonten wulan Ramadhan syetan menika mboten saget mbujuk lan ngrayu manungsa kanthi sedoyo trik kagem ngajak tumindak maksiat. Nanging, menika mboten ateges wonten ing wulan Ramadhan mboten wonten maksiat babar pisan, malah saget ugi tetep katah maksiat ingkang katindaake, sedaya menika sanes jalaran saking godanipun syetan, ananging keranten hawa nafsu manungsanipun piambak utawi malah manungsanipun ingkang sampun dados syetan. Na’udzu billah, Tsumma Na’udzubillah.

Hadirin Rahimakumullah

Lan salah satunggalipun fasilitas khusus ingkang dipun paringake dening Allah dumateng kita minangka ummatipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW. wonten ing wulan Ramadhan inggih menika kados ingkang sampun kadawuhaken wonten ing hadits:

«أُعْطِيَتْ أُمَّتِيْ خَمْسَ خِصَالٍ فِيْ رَمَضَانَ لَمْ تُعْطَهُنَّ أُمَّةٌ قَبْلَهَا : خُلُوْفُ فَمِ الصَّائِمِ أَطْيَبُ عِنْدَ اللهِ مِنْ رِيْحِ الْمِسْكِ، وَتَسْتَغْفِرُ لَهُمُ الْمَلَائِكَةُ حَتَّى يُفْطِرُوا ، وَيُزَيِّنُ اللهُ لَهُمْ كُلَّ يَوْمٍ جَنَّتَهَ، وَتُصَفَّدُ فِيْهَ مَرَدَةُ الشَّيَاطِيْنِ ، وَيُغْفَرُ لَهُمْ آخِرَ لَيْلَةٍ» [التمهيد لما في الموطأ من المعاني والأسانيد 16/149]
Limang prakara kang kaparingake marang umatku ana ing wulan Ramadhan kang ora diparingake marang wong-wong sadurunge, yaiku : gandane tutuke wong kang pasa iku luwih wangi ing ngarsaning Allah tinimbang kasturi. Kapindhone : para malaikat ndedonga nyuwun pangapura kanggo dheweke nganti dheweke buka puasa. Katelune : saben dina Allah nghias suwargane, kaping papate : syetan-syetan kang akeh dlarunge padha diborgol. Kaping limane : ana ing wengi pungkasane ugo pikantuk pangapura.

Lan wonten ing hadits ingkang cekapan Panjang, Nabi Muhammad SAW. nerangaken babagan mulianipun wulan Ramadhan, bilih wonten tigang fase kemuliaan, ingkang bakal ketunan menawi kita boten pekantuk kamulian menika, Panjenenganipun dawuh :

«شَهْرٌ أَوَّلُهُ رَحْمَةٌ وَأَوْسَطُهُ مَغْفِرَةٌ وَآخِرُهُ عِتْقٌ مِنَ النَّارَ»
Wulan ramadhan iku wulan kang sepuluh dina sepisanan kebak rahmate Allah, sepuluh dina kapindhone kebak pangapura saking Allah, lan ana ing sepuluh dina pungkasane kebak pamerdikan saking neraka.

Hadirin Jama’ah Jum’ah Rahimakumullah

Mugi-mugi kanthi hidayah lan pitulungan Allah SWT. kita sedaya saget ngluhuraken lan mulyaaken Wulan Ramadhan wonten wekdal menika kanthi sak sea-saenipun, sahengga kita saget nggayuh pangapuranipun Allah SWT.
Amin ya robbal alamin.
أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ :
شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِي أُنْزِلَ فِيهِ الْقُرْآَنُ هُدًى لِلنَّاسِ وَبَيِّنَاتٍ مِنَ الْهُدَى وَالْفُرْقَانِ ، فَمَنْ شَهِدَ مِنْكُمُ الشَّهْرَ فَلْيَصُمْهُ ، وَمَنْ كَانَ مَرِيضًا أَوْ عَلَى سَفَرٍ فَعِدَّةٌ مِنْ أَيَّامٍ أُخَرَ ، يُرِيدُ اللهُ بِكُمُ الْيُسْرَ وَلَا يُرِيدُ بِكُمُ الْعُسْرَ ، وَلِتُكْمِلُوا الْعِدَّةَ وَلِتُكَبِّرُوا اللهَ عَلَى مَا هَدَاكُمْ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُونَ (البقرة : 185)

الخُطْبَةُ الثَّانِيَةُ
الْحَمْدُ لِلهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ ، وَالْعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِيْنَ ، وَلَا عُدْوَانَ إِلَّا عَلَى الظَّالِمِيْنَ ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إله إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ أَكْرَمُ الْأَكْرَمِيْنَ ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهْ سَيِّدُ الْأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ ، اللهم صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ ، وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِيْهِمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ أَمَّا بَعْدُ :
فَيَآ أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ ، اِتَّقُوا اللهَ ، اِتَّقُوا اللهَ تَعَالَى وَأَطِيْعُوْهُ وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاحْذَرُوا أَسْبَابَ سَخَطِ الْجَبَّارِ فَإِنَّ أَجْسَامَكُمْ عَلَى النَّارِ لَا تَقْوَى
وَاعْلَمُوا أَنَّ اللهَ إِذَا أَمَرَكُمْ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلَائِكَتِهِ بِقُدْسِهِ فَقَالَ عَزَّ مِنْ قَائِلٍ : «إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيْمًا .
اللهم صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ ، وَالْحَمْدُ لِلهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ . اللهم اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وِالْأمْوَاتِ . اللهم أَعِزَّ الْإِسْلَامَ وَالْمُسْلِمِيْنَ ، وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ ، وَاجْعَلْ هٰذَا الْبَلَدَ آمِنًا رَخَاءً سَخَاءً وَسَائِرَ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ ، اللهم نَوِّرْ عَلَى أَهْلِ الْقُبُوْرِ قُبُوْرَهُمْ ، وَيَسِّرْ لَهُمْ أُمُوْرَهُمْ ، اللهم ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ ، وَالْوَبَاءَ ، وَالرِّبَا ، وَالزِّنَا ، وَالزَّلَازِلَ وَالْمِحَنَ ، وَسُوْءَ الْفِتَنِ مَا ظَهَرَ وَمَا بَطَنَ ، عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً ، بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ .
عِبَادَ اللهِ ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ ، وَإِيْتَاءِ ذِيْ الْقُرْبَا، وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ وَالطُّغْيَانْ ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ ، وَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ ، وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ ، وَاللهُ يَعْلَمُ ماَ تَصْنَعُوْنَ .

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *